Tak Lelo Lelo Lelo Ledung....

Dino wis soyo peteng, mung eneng semburat sinare rembulan seng muncul neng langit koyo kubahe masjid. Rekane isin-isin metu mergo ketutup awan seng ndelalah sore mau sempet mendung sediluk.

Suara jangkrik wes podo semaut ribut, munine krik.. krik.. krik.. krik.. Luwih banter eneh ono suara tekek seng ora mesti ono anane, nanging tak titeni mesti ono mben malem jumat. Jebule mentengkreng neng kusen nduwur, sebelah pojok kidol omah gubuk ku iki.

Mbengi iki, semilir angin sepoi-sepoi ngaburne poni rambutku. Dikancani ublik teko botol kratindeng lan lampu semprong, aku lenggah neng dipan teras omah karo mamak. Dipan teko pring iki seng nggawe bapak ku, kiro-kiro ukurane telu kali limo meter. Sengojo didelehne neng ngarep nggo sewayah-wayah lek aku, mamak karo bapak pengen leyeh-leyeh. Maklum, omahku neng pinggir deso, mepet sawah karo kali. Ora nduwe listrik opo meneh tipi. Dadi lek wengi yo asli mung suara kewan seng do sautan neng alam. Ndelalah tonggo umah yo rodok adoh, sekirane jarak satus meter antara omah siji karo omah sijine. Kondisine podo wae, ora ono seng nduwe tipi mergo dewe urip neng pegunungan, daerah seng sulit dijangkau transportasi kendaraan umum. Jadi sewajare wong ndeso, aku bener-bener wong ndeso tenanan.

Meh tiap mbengi aku karo mamak leyeh-leyeh neng dipan ngarep omah. Kecuali udan, mesti yo gor neng njero omah. Aku urung nduwe adik, umurku songo tahun. Aku lagi sekolah dasar kelas telu, jenengku Joko, Joko Susilo. Aku sering ngobrol karo mamak, karo bapak. Bapak karo mamak sering nasihati aku macem-macem. Tapi mbengi iki aku gor karo mamak, amergo Bapak lagi genduren neng dusun sebelah.

Aku turu-turu neng pangkuane mamak, karo nikmati angin mbengi seng nggawe tentrem ati. Budin rebus neng piring tinggal telong potong, lha wedang jahe neng gelas tinggal setengah. Mbengi iki, koyo biasane mamak ngelus-ngelus rambutku. Mripatku merem, tapi aku urung turu. Aku urung ngantuk, lan aku nunggoni Bapak bali karo nunggoni berkate.

"le, sok mben nek gede kowe pengen dadi opo le?", mamak tibo-tibo nakoni aku koyongono kuwi.

"kenopo memange mak?", aku juga urung ngerti arep dadi opo.

"koe, panyuwunmu, cita-citamu mbesok pengen dadi opo? Guru? Dokter? Polisi? Opo Tentoro?", mamak nyebutne kabeh pilihan.

"mmmmm....", aku bingung.

"koe kudu nduwe cita-cita yo le, awak e dewe memang urip pas-pasan, tapi nek koe nduwe cita-cita inshaallah ngko bakal dadi le. Mamak karo Bapak bakal ngusahakne nggo wujudne cita-citamu. Inshaallah nek koe semangat, koe kerja keras, gelem rekoso, koe pasti dadi wong sukses. Mangkane, sekolahe le tenanan. Ngko nek wes gede, kowe biso merantau neng kuto. Sekolah dadi insinyur. Koe kudu lebih sukses soko Bapak lan Mamak".

"Tapi Mak, kulo pengen kaleh Bapak Mamak mawon. Kulo mboten pengen nopo-nopo, seng penting kulo kaleh Mamak, kaleh Bapak", aku semaur, polos.

"le, koe harus wani tinggal pisah karo Bapak, Mamak. Nggak selamane koe urip karo uwong tuo terus. Lek wes gede, koe ugo nduwe keluargo dewe, mulane koe kudu sukses megawe. Inshaallah lek sukses, koe nduwe sangu nggo bali rene, nileki Bapak karo Mamak. Ngko sesekali, Mamak karo Bapak seng dolan neng ngomahmu", pinuture mamakku.

Mbengi pun soyo senyep. Aku mikirne omongane Mamak. Koyone aku angel pisah karo Mamak karo Bapak. Aku seneng urip neng ndeso iki, kabeh-kabeh ono neng kene. Aku iso adus kali, golek jambu neng tengah ladang, ngombe degan seng njimok langsung teko uwit, aku juga nduwe konco akeh neng kene. Lek aku lungo, ngko Bapak karo Mamak sopo seng ngancani? Aku nggak nduwe adik, nggak nduwe mamas lan nggak nduwe mbak.

"Wis le, ojo dipikirne sak iki. Seng penting saiki kuwi sekolah, karo ngewangi nyambut gawe Bapak lan Mamak nek bali sekolah. Seng penting mbok niati wae, cita-citame iku, inshaallah mbesok bakal kecapei", mamakku kayane ngerti aku dadi kepikiran.

"Mak, tembangne kulo lelo ledung mak", penjalukku karo mamak. Aku seneng banget nek mamak nembangne lagu kuwi, aku dadi penak le turu. Suarane mamak apik, kadangkolo aku njaluk ditembangne 'lelo ledung' baru iso turu.

"Tole wes ngantuk po le?", jare mamakku.

"dereng mak, namung pengen ditembangne mawon", mamakku nembang.

Tak lelo lelo lelo ledung
Cep meneng ojo pijer nangis
Anakku sing ayu rupane
Yen nangis ndak ilang ayune

Tak gadang biso urip mulyo
Dadiyo wanito utomo
Ngeluhurke asmane wong tuwo
Dadiyo pandekare bongso

Wis cep menengo anakku 
Kae bulane ndadari
Koyo buto nggegilani
Lagi goleki cah nangis

Tak lelo lelo lelo ledung
Cep meneng anakku cah ayu
Tak embang slendang batik kawung
Yen nangis mundak ibu bingung

***

Lagu Lelo Ledung bisa didengarkan di channel youtube berikut...

https://www.youtube.com/watch?v=HZNcklRuA24



Komentar

Postingan Populer